Tampilkan postingan dengan label Budaya. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Budaya. Tampilkan semua postingan

Selasa, 14 Januari 2014

Upacara Adat Jawa Nalika Jaka lan Perawan



Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung. Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:

1.      Siraman

Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.

2.      Midodareni

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.

Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

3.      Srah-srahan

Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

4.      Upacara panggih

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

·         Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

·         Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.

·         Pupuk

Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.

·         Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.

·         Timbang

Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.

·         Dhékorasi

Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé gawé, wujudé werna-werna.

·         Dhahar Klimah

Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

·         Mertui

Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.

·         Sungkeman

Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.

·         Kendurèn / resèpsi

Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.

·         Dhékorasi

Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernané wonten kathah.

·         Masang Tarub

Masang tarub gumantung marang kahanan ing dalemé sing duwé kajad.

·         Pemaes

Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.

Senin, 13 Januari 2014

Upacara Adat Jawa Nalika Lajang

1.      Khitanan

Khitanan utawa Sunat ing Basa Arab khitan uga bisa kasebut sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak motong utawa ngilangake salah sijiné bageyan utawa kabeh kulit panutup saka palanangan. Frenulum saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang asring karan jeneng. Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka Basa Latin circum (kang ngandut arti "muter") lan caedere (artiné "motong/ngètok").

Khitan uga wis diwiwiti ana ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa dibuktekake dèning salah sijiné gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan pasarena Mesir purba. Alesan tumindak iki isih digambyarake ing mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang njelasake tumindak khitanan utawa sunat iku bageyan saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah rosul (mangsa baliq).

Ing pandhudhuk asring kasebut dèening mangsa tumuju kadewasane utawa ing donya kasehatan bisa uga kasebut mangsa pangubahan estetika utawa seksualitas. Sunat pada laki-laki diwajibake dening agama Islam dan Yahudi.

2.      Tarapan

Tarapan yaiku upacara kang kaleksanake dening kaluwarga nalika salah sijining anggotane pikantuk menstruasi ingkang kapisan. Biasane kalaksanan seminggu sawise wong wadon mau menstruasi. Upacara iki wis akeh dilalekake dening masyarakat mligine masyarakat biasa. Upacara tarapan kaleksana kanggo nyuwun karaharjan wong wadon kang nembe menstruasi pisanan dening Gusti kang Murbeng Dumadi. Ubarampe ing upacara iki namung sesajen kang tumuju kanggo bangsa lelembut. Sinaosa tarapan iki migunani kanggo wong wadon kang nembe entuk menstruasi pisanan, ananging akeh kang wus ninggalake upacara iki.

3.      Tetesan

Upacara tetesan iki duweni mupangat kanggo wong wadon. Ubarampe upacara kaperang kanggo rong golongan, yaiku golongan rakyat biasa lan golongan bangsawan. Kanggo golongan rakyat biasa nyameptakake sega golong, ingkung, jenang abang putih, jenang baro-baro, jajan pasar, sega ambengan, lan kembang telon. Kanggo golongan bangsawan nyameptakake tumpeng robyong, tumpeng gundul, tumpeng sanggabuwana, tumpeng kencana lan jenang baro-baro.

Sumber:
http://cakrakrisna.wordpress.com/2008/11/21/tarapan-kraton-yogyakarta/
http://jv.wikipedia.org/wiki/Khitanan
http://gudeg.net/id/directory/84/633/Inisiasi-Tetesan.html#.UtTo5Pv5-9Y

Upacara Adat Jawa Nalika Bocah



1.   Tedhak sitèn

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan[1]. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan"[1].
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
  • Pengaron sing diisi kembang setaman.
  • Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
  • Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1.      Pari sabengket
2.      Kapuk sabengket
3.      Piranti nulis
4.      Bokor kang diisi beras kuning
5.      Werna-werna jinis dhuwit
6.      "Perhiasan"
  • Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
  • Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
  • Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
  • Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
  • Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.

Urutané upacara tedhak sitèn:

  • Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
  • Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
  • Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
  • Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata ba


2. Nyapih
Nyapih asalipun saking tembung "sapih" ingkang anggadhahi pangertosan pisah utawi misahaken. Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi ingkang ancasipun kangge nylameti lare ingkang nembé mandhek nyusu ibunipun.
Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubarampé kanggé nyapih larènipun. Ananging, sakpunika sampun jarang utawi malah sampun boten wonten ingkang ngginakaken ubarampé. Wonten ing ngandhap punika ubarampe ingkang dipunginakaken tiyang Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara nyapih, kadosta:
  • Kupat ingkang dipun sigar lajeng dipun isi abon wonten saktengahipun.
  • Katul ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta bal alit-alit, lajeng dipun dang.
  • Kembang "borèh"
  • 7 Tumpeng alit
  • Ron jati ingkang dipuntungkupaken
  • Senthir ingkang dipunsélèhaken wonten sakngandhaping ambén
  • Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên pinggan ingkang wonten toyanipun
  • Ndog pitik mentah
  • Ron gedhang ingkang dipun suwèk-suwèk lajeng dipun tali kaliyan ndonga : "ora mbundheli godhong, nanging mbundheli tutuké si jabang bayi". Ancasipun supados bayi boten réwèl.
  • Wanci ndalunipun, laré dipun beta wonten njabi griya, lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang raja. Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên bubur ingkang dipun sadé dhateng laré-laré ingkang "kreweng" minangka artanipun. "Kreweng" utawi tugelan gendhèng, lajeng dipunkempalakeên, dipun paringi kembang saha kemenyan lajeng dipun larung wonten kali.
Sumber: