
Bathik yaiku kasil kerajinan tèkstil
ingkang ngginaaken malam (lilin) lan canthing
kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kepungkur. Asal
tembung bathik yaiku “ambathik”
saka tembung amba lan titik (basa Jawa) sing maknané: nggambar
utawa nulis. Werna-werna
utama bathik Jawa
yaiku werna
biru nila
lan soklat.
Celupan biru lan soklat sing digabung kain putih iku dadi perlambang
3 déwa
Hindhu
(Siwa, Wisnu, lan Brahma).
Seni gawé kelir ing kain
kanthi migunakaké malam iku sawijining tèknik lawas saka jaman kuna. Panemon
ing Mesir
nuduhaké yèn cara iki wis ditemokaké ing abad ka-4 SM, kanthi ditemokaké kain
bungkus mumi
sing dilapisi malam kanggo gawé pola. Ing Asia, tèknik kaya bathik
uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang
(618-907) sarta ing India
lan Jepang
jaman Periodhe Nara
(645-794). Ing Afrika,
tèknik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria,
sarta Suku Soninke
lan Wolof
ing Senegal.
a.
Sejarah Bathik

G.P.
Rouffaer uga nglapuraké yèn pola gringsing wis ditepungi wiwit abad
kaping 12 ing Kediri, Jawa Wétan.
Dhèwèké uga nyimpulaké yèn pola kaya mau iku mung bisa digawé nganggo
wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing
ditemokaké ing Jawa
ana ing jaman semono.[3]
Dhetil ukiran kain kang mèh kaya pola bathik dianggo déning Prajnaparamita,
yaiku ana ing reca dèwi kawicaksanan buddhis saka Jawa Wétan
abad kaping 13.
Dhetil
klambi kang nampilaké pola sulur wit-witan lan kembang-kembang kang angèl mèh kaya pola bathik tradhisional
Jawa kang bisa ditemokaké jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik
paling angèl lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad
kaping 13 utawa malah sadurungé kuwi uga wis ana.
Legendha
ana ing literatur Melayu abad kaping 17, Sulalatus
Salatin nyritakaké Laksamana Hang Nadim kang
diwènèhi préntah déning Sultan Mahmud kanggo berlayar menyang India kanggo golèk 140
lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing saben lembaré.
Merga ora bisa netepi wajib kang diwènèhké Sultan Mahmud, dhèwèké banjur gawé
dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kèrem ana ing lelaku bali
lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.[4]
Ana
ing literatur Éropah,
tèknik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java
(London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles. Dhèwèké tau dadi
Gubernur Inggris
ing tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda. Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel mènèhi
saklembar bathik kang olèh nalika ana ing Indonésia marang Museum Etnik ing Rotterdam
lan wiwitané abad kaping 19 kuwi bathik wiwit ana ing mangsa kajayané. Nalika
dipamèraké ana ing Exposition Universelle
ing Paris
taun 1900, bathik Indonésia ngagètaké publik lan seniman.
b.
Piranti kanggo gawé
bathik

c.
Cara gawé bathik

Jinising bathik miturut tèknik:
- Bathik tulis yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik digawé nganggo tangan. Cara nggawé bathik iki kira-kira mbutuhaké wektu antarané 2 nganti 3 sasi.
- Bathik cap yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik kang dibentuk nganggo cap (biasané digawé saka tembaga). Prosès kanggo gawé bathik cap iku kira-kira mbutuhaké wektu 2-3 dina.
- Bathik lukis yaiku bathik kang digawé kanthi cara nglukis langsung ana ing kain putih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar