Wayang
Wayang dumadi saking tembung wod
"yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang
dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang
punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang
mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo
bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang
kanthi iringan gamelan.
Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2
dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi
wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani
penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus,
ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane
jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital
kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi
media digital kasebat e-wayang.
Crita kang dilakonaké dijupuk saka
épos Mahabharata
lan Ramayana
kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon
crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani
Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa
waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara.
Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO
ing tanggal 7 November
2003, dadi karya kabudayan
kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece
of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun
supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
a. Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa
masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia.
Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis
ana sadurungé agama Hindu
mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka
India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram
anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora
sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan
tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad kaping
IV Masehi.
Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan.
Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono
tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné
kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang
Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara
gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana
lan Mahabharata
wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita saka
India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing
ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné saka India
iku pungkasané wis geseh karo sadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé
kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon
carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga
uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak.
Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda
kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang
gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar
ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku
wayang kulit purwa.
b. Sebutane Wayang
Yèn dijupuk saka ukarané, wayang
kuwi saka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu.
Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka
kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé saka kayu ora ngandhelaké
wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning
dhalang. Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa.
Wayang iki digawé saka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan
Ramayana.
c. Wayang ing tanah Jawa
1. Wayang Bèbèr
yaiku
wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran
(lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung
dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait.
Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki digawè kanthi kuwat
ing bab rong dimensinè kanthi seni
lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè
paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur
wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang
bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas
uripè manungsa ing saben dinanè.
2. Wayang Kulit
4. Wayang Golèk
uga akèh wong sing arani wayang tengul.
Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita
kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung
Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya,
lsp. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab. Yèn pèntas kang dadi
ciri khasè wayang golék yaiku ora
nganggo kelir
utawa layar kayata wayang kulit.
5. Wayang Gedhog:Wayang
iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an.
Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari,
Mataram,
Kediri,
lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
6. Wayang Menak
yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku
babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.
7. Wayang Kancil:Wayang
iki uga diarai '''wayang Dupara'''.
Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
8. Wayang Wahyu:
uga kasebut '''wayang bibel''' iki
diciptakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo
nyiarkè agama Kristen.
9. Wayang
Pancasila.
10. Wayang Sejati
11. Wayang
Jemblung:Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Wayang
iki sumebar ana ing daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu. Critanè babagan Cacad kaya kethoprak.
12. Wayang wong:Wayang wong
yaiku wayang kang diparagakè wong kang ana gerakan tarinè. Sumbering crita saka
Ramayana
lan Mahabarata.
Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngèsthi Pandawa (Semarang),
Sriwedari (Surakarta).
13. Wayang Sandosa
14. Wayang Ukur
15. Wayang Jawa
16. Wayang Topéng
17. Wayang Potèhi:Wayang
kang awujud bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio Tiong Giè yaiku salah
sijining dhalang
wayang potèhi ing Semarang
Tengah kang manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan. Dhèwèkè nduwèni
prinsip paribasan Cina
Tiongkok
kang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potèhi iki
yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan dhèwèkè
nggunakakè basa Indonèsia kanggo basa
pengantar, bèda karo para sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa Cina.
Ciri khasè dhewèkè uga kerep nggunakakè tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umurè
wis 76 taun, akeh prihatinè mikirakè kabudayanè sing mung didelok dèning
saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingakè karo jaman biyèn. Langka banget
sing kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasinè mung siji ntok wongè
yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep
ngancani yèn ta wayangan.[6]
Para niyaganè adoh banget yaiku saka Surabaya
Dhèwèkè menehi tuturan "Yèn ta
diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèkè bakal terus ndhalang, sabab ing
njero wayangan kang lumrahè digawè dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran,
pepèling-pèling kang manfaati tumrap uripè manungsa."
- Wayang Révolusi
- Wayang Dongèng:Wayang Dhongeng
Wayang kang digawè saka dluwang kang
digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kèwan
kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa.
Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang
kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa
dadi dhalang,
kang bisa prasaja gunemanè.
Sumber:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar