Cerita Cekak (Cerkak)
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)
Cerita Cekak kang uga diarani cerkak
iku yen dideleng saka wujud utawi blegere pancen mujudake sawijine cerita kang
cekak. Yen ta ditulis ing lembaran kertas ngono lumrahe kurang luwih sepuluh
lembar. Yen ta diwaca Cerita Cekak iku ora nganti sak jam rampung. Kejaba saka
iku yen ta dideleng saka cacahe paraga (tokoh) cerita, ing cerita cekak
paragane mung sethithik banget bisa uga mung wong loro nganti wong lima. Pancen
ing Cerita Cekak iku masalah utawi konflike (reruwete cerita) ora akeh (tidak
kompleks) jalaran carita kang diandharake uga cekak. Mligine ing jagade
(khasanah) kasustraan Jawa, Cerita Cekak iku diperang utawi digolongake dadi 3
jinis utawi genre. Iki cundhuk karo kang diandharake dening Prof. Dr. Setya
Yuwana Sudikan M. A. (salah sawijining Guru Besar Sastra saka Universitas
Negeri Surabaya), yen kang tinemu ing kalawarti (majalah) basa Jawa iku pancen
nuduhake kanyataan babagan anane genre mau.
Dene genre (jenis) Cerita Cekak mau yaiku: Cerita
Cekak sejati (kang ing kalawarti mung ditulis cerkak wae), roman sacuwil utawa
roman remaja (manja), lan carita alaming lelembut.
Cerita Cekak telung jenis iku duwe ciri wanci (kekhasan) lan pandhemen
dhewe-dhewe. Mula saka iku ing kalawarti Panyebar Semangat lan Jaya Baya tansah
ngemot (memuat) lan nyuguhake Cerita Cekak jinis mau. Istilah, aran utawi
jeneng Cerita Cekak iki ana ing
kalawarti Jaya Baya lan Panyebar Semangat, iku wis padha. Nanging jeneng cerita roman utawi roman sacuwil iku
dienggo dening Kalawarti Jaya Baya. Dene ing Panyebar Semangat diarani crita
roman remja kang banjur dicekak “manja”. Cerita alaming lelembut, dienggo
ing kalawarti Panyebar Semangat, dene ing Jaya Baya diarani cerita misteri. Apa
kang dadi isi lan kang diceritakake
dening telune jinise (genre) cerita mau
pancen beda banget. Ing cerita cekak kang banjur diarani cerkak, kang dianggep
minangka sejatine cerkak (cerpen
yang sesungguhnya) iku ngemot (memuat) cerita kang isine mentes (berbobot). Ing cerkak iki sapa
bae kang maca disuguhi ing sawijining masalah, diajak mikir lan diajak ngonceki
masalah nganti bisa ngudhari ruwete masalah mau. Ing cerkak iki para pamaca ora
mung dilelipur (dihibur) nanging uga diajak latihan mikir lan ngudhari masalah
kang tundhone (yang akhrinya) para pamaca bisa dadi pinter.
Dene kang ana ing cerita roman sacuwil apa dene
roman remaja iki para pamaca bakal oleh panglipur kang nyata. Ing kene ora ana
masalah kang kudu dipikur utawi diudhari. Para nom-noman, lan sapa bae kang
lagi nandhang kasmaran, lan wong tuwa sing kepengin “bernostalgia” ing jaman
nom-nomane mesthi seneng maca cerita cerkak
iki. Kanthi maca cerita roman
iki sapa bae bisa ngumbarake (mengembarakan) rasa sih katresnane nut ilining cerita kang
diwaca. Rasa asmarane bakal kegugah. Sawise maca pikolehe rasa seneng jalaran
lelakon ing cerita mau
padha utawi nyrempet karo kang dilakoni, sedhih jalaran katresnane ora ketekan,
trenyuh jalaran katresnane punggel (tragis), lan sapiturute.
Jinis utawi genre
cerita alaming
lelembut iki ora kena dianggep padha karo dongeng utawi wacan
bocah, jalaran cerita iki
pancen dudu wacane bocah. Kang memaca cerita alaiming lelembut utawi cerita misteri
iki golongane remaja nganti wong dewasa. Pancen ora kena diselaki yen bebrayan
utawi masyarakat Jawa iku percaya banget marang anane dhemit, gendruwo, setan,
dhanyangan lan bangsane lelembut liyane. Isine cerita alaming lelembut iki ora tinemu nalar nanging akeh para
pamaca kang seneng maca cerita iki
jalaran kaya bisa nggawa dheweke ing alam gaib. Sawijining alam ora bisa
dijangka utawi diambah kanthi badan wadhag (jasmaniah) nanging alam kang mung
bisa diambah karo badan alus (rokhaniah) lan keyakinan utawi kapitayan. Kejaba
saka iku para kang maca oleh pengalaman anyar kang ora bisa digayuh lan
diprangguli ing alam nyata.
Genre utawi jinis cerita cerkak kang diandharake ing dhuwur iku mau durung bisa
dirembug (dibahas) bebarengan. Nanging, saorane para siswa wis bisa oleh
gambaran yen kang diarani cerkak iku ing kasustraan Jawa ana telung (3) jinis.
Sabanjure
kang minangka dudutan (simpulan) cerita cekak (cerkak) yaiku:
1) Cerkak
iku cekak banget yen katandhingake karo roman lan novel.
2) Yen
ditulis kurang luwih mung 10 lembar.
3) Yen
diwaca ora nganti mbutuhake wektu 1 jam.
4) Paraga ceritane uga
sethithik, 2 nganti akeh-akehe 5 paraga,
5) Perkara utawi
masalah utawi konflik uga sethithik ora dawa kadlarung-dlarung.
Cerkak sejati?
BalasHapus