UNSUR-UNSUR INTRINSIK CERKAK
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)
A)
Tema
(Underane kang minangka bakuning gagasan).
Tema iku minangka bakune gagasan kang kawedhar
(kalairake/ dicurahakan) dadi sawijining cerita. Mula uga kena diarani yen tema iku dadi underane
(pusat) cerita.
Jalaran apa kang kababar ing cerita iku
asal usule saka kene, ya saka gagasan pokok mau. Pangripta (pengarang) ora mung
cerita kaya
dene obrolan kang tanpa guna nanging ana bab kang pe\ingin diomongake.
Dheweke ngomongake masalah kang gegayutan karo urip lan panguripane manungsa
kang tundhone ngajak mikir amrih wong padha mangerteni tatanan utawi pernatan
urip kang luwih
becik. Tema ing cerita cekak (cerkak) iku beda karo tema kang ana ing cerita
wacan bocah. Ing cerita utawi
dongeng wacan bocah lumrahe tema iku manggon ing pungkasane cerita kang
uga lumrah diarani liding dongeng. Dene ing cerita cekak (cerkak) iku, temane (bakune
gagasan) pancen rada angel digoleki jalaran manggone sok-sok sumebar ing
sajroning cerita. Mula
saka iku tema cerita iku
bisane ketemu sawise diwaca nganti rampung. Yen wis diwaca nganti rampung
durung ketemu “tema” cerita mau
padatan dislamurake (disamarakan) ing: irah-irahan, omongan-omongane, pikirane,
prasaanane para paraga, prastawa-prastawa, setting (wektu, papan, swasanane,
prastawa cerita). Dene
anggone nulis utawa ngomongake tema cerita mau bisa arupa tembung, frasa utawa ukara.
B)
Latar (Setting).
Yen ngrembug latar (setting) ing cerita rekan
(fiksi) iku satemene ora mung ngrembug asal-usul, mula bukane, kawitane, wektu
kadadene lan papan panggonan sawijining prastawa bisa kedadeyan. Nanging luwih
saka iku, latar satemene ngrembug uga panggonan umum (padesan, pagunungan,
kutha utawa Negara), panggonan khusus (omah, kamar utawa papan cilik liyane),
wektu kasejarahan, adat tata carane masyarakat, pakaryan sarta lingkungan:
agama, moral, social, intelektual lan liyane. Kang kaya mangkene akehe saka apa
kang diwengku dening latar (setting) iki mesthi bakal mahanani (memberi pnegaruh) marang
isine cerita cekak (cerkak) mau. Tuladhane mangkene; yen kita nyritakake
masyarakat padesan, ing kene lumrahe digambarake yen wong padesan iku uripe isih
kecingkrangan, isih akeh kang buta hurup, nyandhang panganggone, sarta mangane
sarwa prasaja (sederhana), masyarakate guyup rukun lan liyane. Lan dadine aeng
(aneh) yen masyarakat padesan iku digambarake urip kang mubra-mubru, sugih,
intelek, nyandhang penganggone sarwa mewah, wonge padha ora kenal siji lan
sijine. Mula saka iku papan panggonan uga ana gandheng cenenge karo kahanan
“mental kejiwaan” para paragane sarta masalah (konflik) kang diadhepi.
C)
Paraga
(Tokoh Cerita) lan Watake (karakter).
Paraga yaiku wong kang dadi lakon.
Lumrahe paraga iku ketaman (tertimpa) sawijining perkara. Perkara kang
disandhang dening paraga mau bakal kagawa wiwit awal nganti pungkasan. Saengga
dadi rerangkenen cerita
(jalinan carita). Abot enthenge perkara utawi masalah kang disangga dening
paraga siji lan sijine iku mesthi bedane. Mula
saka iku ing kene paraga, iku bisa diperang dadi telu: yaiku (1) paraga
utama, (2) paraga kaloro (sekunder) lan (3) paraga tambahan (komplementer).
Paraga utama iku kang nggawa lakon (mengembang cerita) dadi lakon (menjadi pelaku cerita) lan uga kang
diceritakake
dening paraga liyane. Dene paraga kaloro (sekunder) yaiku paraga kang mbiyantu
paraga utama lan sok malah ana kang malah memalangi (menjadi panghalang/
memasuhi) paraga utama. Dene paraga tambahan iku paraga kang saliyane paraga
utama lan paraga kaloro. Paraga ing sajroning cerita iku uga diwenehi watak memper (mirip atau
menyerupai) watake manungsa ing alam nyata. Watake manungsa ing alam nyata iku
ngremit (kompleks) ananging watake paraga cerita iku prasaja bae (sederhana), lire (maksude)
prasaja yaiku, pangripta mung nengenake saperangan (sebagian) watak kang paling
manjila (menonjol).
Dene carane nemokake watake paraga cerita kang
ing ngisor iki:
1) watake paraga crita katon saka
solah bawa, polah tingkahe,
2) watake paraga crita katon saka
pangucape, omongane, alus utawi kasar tembunge nalika wicaran.
3) watake paraga katon saka kahanane
badan salira, deg piyadeg, praupan (rai) nyandhang panggone lan liyane.
4) watakae paraga crita lakon saka
gagasan, pikiran, paka kang digagas utawa apa kang dipikir.
5) watake paraga crita katon saka
rerasane (perbincangan) paraga carita liyan, dan sebagainya.
D)
Point of
View utawa Sudut Pandang
Point
of View yaiku dununging utawi jejering pengarang ing sajrone
crita kang diandarake. Jejering pengarang ana rong jenis, yaiku jejering
(kedudukan) minangka wong kapisan lan minangka wong katelu kang minangka
pengamat. Jejering pengarang minangka wong kapisan, Manawa penganrang dadi
paraga ing sajroning carita sarana nggunakake tembung “aku”. Dene pengarang
minangka wong katelu menawa pengarang migunakake tetembung “dheweke,
panjenengane, utawa nyebutake jejeneng tanpa ngliatakae awake dhewe”.
Tuladha: pangarang
minangka wong kapisan.
Tekaane mahasiswi sing arep skripsi ing omahku ngungkat lelakon kang wis lawas
kependhem. Dheweke ngaku aran Tukiyem, bocah saka Pacitan. Ya jeneng Pacitan
iku sing njalar aku kelingan lelakon sing wis kasilep meh setengah abad.
Tuladha: pangarang minangka wong katelu
Budi yakin, wong papat sragam abu-abu kang mentas metu saka Bank BPR Jatim
Cabang Kantor Jalan Thamrin Ponorogo iku genah anake Kepala Sekolah SDN
Wringinanom Sambit sing mentas nyetor dhuwit. Tandhane
padha seneng rupane.
E)
Amanat
Amanat
yaiku piwulang moral utawi pendhidhikan kang katujokake marang pamaca.
Amanat ing carita cekak dening pangarang disebarake ing carita kasebut. Mula
kanggo nemokake amanat perlu maca carita kanthi tuntas.
F)
Sambung
rapete utawa Gandheng
Sambung
rapete cenenge (Relevansi) crita karo kanyatan ing bebrayan
(Masyarakat). Kaya kang wis diandharake ing ngarep yen pangripta gawe crita iku
duwe sawijining tujuan. Wose (inti) tujuan mau yaiku ngajak bebrayan
(masyarakat) bareng mikir marang sawenehe kahanan kang tundhono (pada akhirnya0
bisa agawe kahanan ing bebrayan iki dadi luwih becik. Kejaba saka iku,
pangripta iku uga manungsa, kang dicritakake uga lelakone manungsa kang
diprangguli (ditemui) ing madyane bebrayan (di tengah masyarakat). Mula saka
iku yen di goleki gandheng cenenge karo kanyataan iku mesthi ana. Mung bae
sapira gandheng cenenge utawa sambung rapete karo kahanan bebrayan iku, kita
kudu pinter ngadhuk utawi ndhudhah.
G)
Nemokake
perangan kang Nengsemake utawi Nyenengake saka Cerita Cerkak
Bisaa gawe seneng lan bisaa gawe marem para kang maca
iku uga dadi tujuane pangripta. Pancen diajab dening pangripta, sawuse maca
crita cerkak iku para kang maca bisa nemokake sawijining lelipur (hiburan) lan
kasenengan (kepuasaan) ing sajroning batin. Lelipur karennaning ati lan
kesenengane ati iku saben wong siji lan sijine beda. Dene kang dadi sebabe
yaiku: jaralan basane endah, jalaran isine cerita ngandhut: piwulang sesurupan
(pengetahuan0 kang cocog karo kang dibutuhake, jalaran bisa sinau wewatake
manungsa utawa kepincut saka watake salah sawijine paraga kang paraga mau bisa
dadi pepujane, jalaran maca crita iku akeh manfaate, sarta akeh kang bisa
dituladha kanggo sangu urip bebrayan, lan liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar