Jinis Tembung (golongane)
1. Tembung Kriya
Tembung kriya
yaiku sakabehing tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
Tuladha: nandur, tangi, adus, digawa, daktuku, ngukur, lan liya-liyane.
Werna-wernane tembung kriya:
a. Tembung kriya lingga yaiku tembung kriya kang isih lingga, tegese
tembung iku durung owah saka asale nanging wis duweni teges tandang
gawe. Tuladha: lunga, seba, dandan, adus, dodol, lan liya-liyane.
b. Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater
anuswara (an-, am-, an-). Tuladha: ngudang, nimba, nyepot, methuk
lan liya-liyane.
c. Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater
tripurusa (dak-, ko-, di-) ater-ater "ka" utawa seselan "in".
Tuladha: sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lan liya-liyane.
d. Tembung kriya rangkep yaiku tembung kriya kang awujud rangkep
lan diperang ana:
1. Rangkep dwi purwa yaiku tembung kriya wanda wiwitan diucapake
kaping pindho.
Tuladha; leledhang, leladi, tetedha, lelewa lan liya-liyane.
2. Rangkep dwi lingga yaiku tembung ligga kang diucapake kaping pindho.
Tuladha: golek-golek, omah-omah, adoh-adoh, etung-etung lan liya-
liyane.
3. Rangkep dwi wasana yaiku tembung lingga wanda wekasan diucapake
kaping pindho.
e. Tembung kriya transitif yaiku tembung kriya kang dibutuhake lesan (objek)
mula uga diarani tembung kriya mawa lesan.
Tuladha ing ukara:
1. Murni methuk mbak yune.
2. Nuri ngirim sing matun.
3. Harno dandani sepedhane.
f. Tembung kriya intransitif (tanpa lesan) yaiku tembung kriya kang
mbutuhake lesan.
Tuladha ing ukara:
1. Pakdhe kondur ing daleme.
2. Tari nesu ing kamar.
3. Parni turu jam wolu bengi.
4. Marwoto lagi ndonga.

2.
Tembung Aran
Tembung aran yaiku jenenge sakabehing apa bae kang dianggep barang.
Tembung aran kaperang:
a. Tembung aran mawujud yaiku tembung aran kang bisa ditampa nganggo
panca indriya. Sing kagolong tembung aran mawujud upamane:
1. Jenenge wong = nuraini, sukarto, sumanto, sukini, demak lan liya-
liyane.
2. Jenenge kutha = pacitan, ponorogo, jombang, demak, lan liya-liyane.
3. Jenenge kewan = sapi, kebo, jaran, unta, gajah, lan liya-liyane.
4. Jenenge gunung = merbabu, lawu, slamet, tugel lan liya-liyane.
5. Jenenge barang = TV, radio, kulkas, kompor, lan liya-liyane.
b. Tembung aran mujarad (ora maujud) yaiku tembung aran kang ora bisa
ditampa ngganggo panca indriya.
Tuladha: iman, kepinteran, kabudayan, keyakinan, lan liya-liyane.

3. Tembung kaanan
Yaiku sakabehing tembung kang
mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.
Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu,
panas, adhem, lega, sesak, resik, reged, lsp.
4. Tembung katrangan
Yaiku sakabehing tembung kang
mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung
aran.
Tuladha:a. asune mlayu banter.
b. mangane alon-alon.
Tembung katrangan liyane: mau,
ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.
5. Tembung sesulih
Yaiku sakabehing tembung kang kanggo
nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali nyebut
jenenge barang utawa wong mau.
Tembung sesulih bias kaperang dadi
telung werna:
a. Tembung sesulih
wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)
b. Tembung sesulih
wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)
c. Tembung sesulih
wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa, sapa, ku, mu, lsp.)
6. Tembung wilangan
Tuladha: siji, loro, seprapat,
kapisan, kapindho, sepira, lsp.
7. Tembung ancer-ancer
Yaiku sakabehing tembung kang
dianggo nggandheng tembung lan tembang ing sajroning ukara.
Tuladha:
a. Bapak tindak menyang
Semarang.
b. Sjita saiki manggon
ing Ngadireja.
Tuladha liyane: saka, ing, karo,
tumrap, marang, kanthi, saha, lsp.
8. Tembung panggandheng
Yaiku sakabehing tembung kang
nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara majemuk.
Tuladha:
a. Bapak lagi maos Koran, dene
Ibu ndondomi klambi.
b. Adhine pinter, nanging
kangmase bodho banget.
c. Lagi bae adhine mati, malah
kangmase lara banget.
d. Sabubare ngaso sapisan, banjur
bocah-bocah padha mulih.
e. Sutinah iku ayu, mulane
akeh wong kang seneng.
Tuladha liyane: sarta, lan, kajaba,
jalaran, sabab, marga, awit, lsp.
9. Tembung panyeru
Yaiku tembung kang nggambarake
wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.
Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah,
wah, lha, kok, hus, lsp.
10. Tembung panyilah
Yaiku tembung sing dianggo nyilahake
patrap, barang, bab, utawa liyane (kata sandang).
Tuladha:
a. Ingkang rama ngasta
wonten pundi Mbak?
b. Para tamu
katuran jumeneng sawetawis.
c. Si Suta lan si
Soma mlaku bebarengan.
d. Sri Sultan
misuwur kabecikane.
e. Sang Prabu nembe
semedi.
Sumber:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar