Miturut wewangunane, tembung
kaperang dadi 6 yaiku:
1. Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing dadi siji kanggo ngurangi cacahing wandane.
Tuladha:
a. jiwa + angga = jiwangga
b. lebda + ing = lebding
c. nara + endra = narendra
d. dupi + arsa = dupyarsa
2. Tembung Saroja
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Panganggone
Tembung Saroja :
1. Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan
kang adi luhung.
2. Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa
nyukupi kebutuhane kulawargane ?
3. Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
4. Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah
prakosa.
5. Satriya ing Madukara iya raden Harjuna
pranyata satriya kang sekti mandraguna.
Tuladha:
·
sato kéwan = perkara kéwan
·
ayem tentrem = tentrem tenan
·
tepa tuladha = tuladha
·
tresna asih = asih tenan
·
colong jupuk = perkara nyolong utawa
kagiatan nyolong.
3.
Tembung Éntar
Tembung
Entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi
siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar
tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan)
utawa tembung
kang ora kena ditegesi sawantahé baé. Ing basa
Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa walanda diwastani
Figuurlijke betekenis.
Tuladha:
abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.
abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.
abang
raine : wirang, isin.
adol
bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune.
adus
kringet : nyambut gawe abot, mempeng.
ala
jenenge : ora dipercaya awong liya.
alus
tembunge : omongane kepenak dirungokake.
atine
ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei.
bau
suku : tenaga, abdi.
mbukak
wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane.
mbuwang
tilas : nutupi tumindake sing ala.
cagak
elek : srana supaya betah melek.
cagak
urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip.
cepak
rejekine : gampang golek rejeki.
cilik
atine : sumelang, kuwatir
4.
Tembung
camboran
Tembung
camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung
utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati
sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka
morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan
makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana
telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan),
prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès
camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa
digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku:
camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing
konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa
camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi
unsuré isih bisa digolèki.
Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro,
yakuwi:
1.
Tembung camboran wutuh, contoné: sisib
sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
2.
Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak
(wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh,
gaji wakma: sega
siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa
dipilah dadi telu, yakuwi:
1.
Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad.
(kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom,
sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan"
utawa"saha".
2. Tembung
camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif).
Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
·
Tembung camboran kang tembung kapisan
nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama
(linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tuladhane:
Camboran
Wutuh
1.
Meja tulis,
lemari kaca, buku gambar, pager kayu, lsp (lan sak panunggalane)
2.
Anjani
putra, Bima putra, Pancasila, Wijaya Kusuma, lsp
3.
Anak Kadang,
japa mantra, candhak kulak, edi peni, lsp
4.
Dewa-dewi,
siswa-siwi, yaksa yuksi, putra-putri, lsp
B.
Camburan
Tugel (Wutuh)
1.
Bangcuk
: abang- pucuk
2.
Banjo
: Abang – Ijo
3.
Barbeh
: Bubar – kabeh
4.
Barji
: Bubar siji
5.
Budhe
: Ibu –gedhe
6.
Bulik
: Ibu – cilik
7.
Dhegus
: Gedhe – bagus
8.
Guru
: digugu –ditiru
9.
Kupluk
: Kaku –Nyempluk
10.
Kuping
: Kaku – Njepiping
11.
Legi
: Lemu –ginuk-ginuk
12.
Paklek
: Bapak Cilik
13.
Saerah
: Sae –Murah
14.
Tingwe
: Nglinting Dhewe
15.
Thukmis
: Bathuk –klimis
16.
Wandhak
: Dewa –Cendhak.
5. Tembung
Rangkep
Tembung
Rangkep (Basa Indonésia:
Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung
sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung
dwipurwa lan tembung dwiwasana.
Tembung Dwilingga
Miturut owah orané lingga
·Dwilingga padha swara,
yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Tuladhané: ibu-ibu,
bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
·Dwilingga salin swara,
yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah.
Tuladhané: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu,
mrana-mréné.
Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné,
yaiku:
·Dadi tembung aran.
Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari,
ali-ali.
·Dadi tembung kahanan.
Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
·Mbangetaké. Tuladha:
Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
·Tansah. Tuladha: Wis ajar
kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
·Senadyan. Tuladha:
Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
·Wektu. Tuladha:
Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
·Paling. Tuladha:
Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung
ing wanda kang pisanan baé. Tuladha: dedunung, tetuku, lelaku,
leluri,sesawangan.
Tembung Dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung
ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: cekikik, cekakak, jelalat,
mbedhudhug, jegègès.
6.Tembung Rurabasa
Tembung rurabasa yaiku
rakitaning tembung kang luput, nanging wis umum utawa lumrah, menawa dibenerake
malah dadi saya salah, mula uga diarani salah kaprah.
Tuladha:
a. nggoreng peyek
b. nggawe lemari
c. mbakar sate
d. negor gedhang
e. menek krambil
Tuladha:
a. nggoreng peyek
b. nggawe lemari
c. mbakar sate
d. negor gedhang
e. menek krambil
Tidak ada komentar:
Posting Komentar