Tembung
lan peranganing Tembung
Tembung
yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan dimangerteni surasane. Saben rerangken swara kang
metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana
rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara
iku ora kalebu tembung.
Tembung kaperang dadi:
- Tembung Lingga (Basa Indonesia: Kata dasar)
- Tembung Andhahan (Basa Indonesia: Kata jadian)
2.
Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang
dadi loro, yaiku :
- Tembung tanggap (Basa Indonesia: kata pasif)
- Tembung tanduk (Basa Indonesia: kata aktif)
3.
Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawa
kuwi ana maneka warna tembung, antawisé yaiku:
Miturut
kelas tembung:
- Tembung kriya (Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
- Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku. Kaperang maneh dadi:
- Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
- Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
- Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sifat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
- Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor
Tembung
tugas
- Tembung pangarep (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
- Tembung panyambung (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
- Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
- Tembung sandhangan (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
- Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun dan -tah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar